Kamis, 27 Juni 2019

Segera Hadir Bacaan Antologi Puisi Menandai Zaman : Endas Manyung karya Rg Bagus Warsono


Rg Bagus Warsono

Endas Manyung

Endas manyung wis pirang-pirang
Unggal pesisir
Pangananne wong sugih
Ngomong blenak tapi dipangan
Endas manyung
Genae belatung
Mambu bacin ora karuan
Sedalan-dalan
Tapi geger endas manyung
Endas manyung
endas dibuang dibomboni
Isyarat zaman diwolak walik
wong salah diambungi tangane
Karyawan tukang mbebodo di kembuli
Penjabat tukang nyolong disembah
Pimpinan korup dipuja-puja
Endas manyung
Ngaku suci kupluk ora kari-kari
Sebayang tapi nlakoni korupsi
Due kiyai nganggo nutupi
Supaya pernah Mondok santri
endase manyung
Maling ditiliki ning bui
Dudu sanak dudu sadulur
Supaya diaku endas manyung
Ning kana
Sedulur dewek lara ora ditiliki
Endas manyung nganggo panutan.



Rg Bagus Warsono

Taleni Sekarepe Sampean

Taleni prau sekarepe sampean
Karo tambang sing pepet sambungan
Jorna alam ngadili prau
Mesine mati kebek oli
Kudanan kanginan karatan
Kayu akeh tritipe drawesan tieng paku papan
Benderane wis pada sowek
Kanggo dilanan bocah-bocah pesisir
Mapag musim udan baratan.
Dermayu , 2004