Tampilkan postingan dengan label Sastra : Geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Sastra : Geguritan. Tampilkan semua postingan

Senin, 30 April 2018

Inget Janji karya Carmad

INGET JANJI
Nalika pragat kuliah kosi sumringah
Bungah sewayah wayah
Kesawang pegawean blajari bocah
Olih pangkat gaji lan hormat

Nanging angin bli bisa digiring
Prak ngajar mulai krasa pusing
Segala tugas kerasa nendang
Angger amplop isine telung abangan

Saya sue saya lali
Kerasa pengen sulaya janji
Tapi inget ning ucapan
Guru iku kanggo pengabdian

(Semoga tetap tulus mengabdi untuk mencerdaskan anak bangsa

Selasa, 05 April 2016

Sekolah Isine Patungan, RgBagus Warsono

Sekolah Isine Patungan

Jarene guru wis mulya
numpake mangkat mulang rodane papat
umahe gedong rajeg wesi
mulang klambine apik kudunge anyar
sepatune mengkilap disemir
nyatane arep dagang
sekolah dadi toko kriditan
muride pinter tapi keder
kabeh aturan ana regane
patungan tuku buku langka lirenne
Bocah minder
wong tua murid mblenger
saben dina kudu ana
patungan werna-werna
guru saiki ora nduweni rai
rai kandel ilmune ngedabel .



RgBagus Warsono, 23 Januari 2016